PURWAKA
Puji
syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha asih,
ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga
kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah bahasa jawa.
Makalah
punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah babagan pinika,
kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.
Kita
sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita mangertos
menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun nywun kritik
lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
Cekap
semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun
kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing
pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha. Amin..
PENULIS,15
APRIL 2016
APRIL LIA SARI
DAFTAR
ISI
Purwaka………………………………………………………………..
i
Daftar
Isi……………………………………………………………….ii
Bab
I : Pambuka……………………………………………………….1
A. Wigatosing
Rembag……………………………………………1
B. Kakajen Ingkang Dipun
Rembag………………………………1
C. Kagunaan
Panulisan…………………………………………....1
Bab
II : Pembahasan…………………………………………………...2
A. Upacara Adat…………………………………………………..2
B. Tata Cara Adat
Mantu…………………………………………2
BAB
III : Panutup……………………………………………………...14
A. Dudutan………………………………………………………..14
B. Piweling…………………………………………………..........14
Daftar
Pustaka…………………………………………………………15
BAB 1
PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun
kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara
adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap
ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara
adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika
kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing
upacara adat mantu punika.
B. Kakajen Ingkang Dipun Rembag
1. Punapa tegesipun upacara adat mantu
punika?
2. Punapa kemawon rerangkening tatacara
adat jawa saderengipun mantu?
3. Punapa kemawon cak-cakaning tata cara
wonten ing adat mantu menika?
C. Manfaat Panulisan
1. Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
2. Mangertosi rerangkening tatacara adat
jawa saderengipun mantu.
3. Mangertosi cak-cakaning tatacara wonten
ing adat mantu.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN
A. Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi
kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan
jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan
gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan
jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra
ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
a. Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
b. Paningset lan lambang
kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
1. Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
2. Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
3. Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
4. Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
5. Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
B.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nugraha miwah sih rohmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
mugi-mugi tansah nunggil ing jiwangga bapak guru saha sagunging para siswa.
Bapak guru Basa Jawi ingkang winengku ing karahayon, para
kadang mahasiswa ingkang kula tersnani. Kula minangka pambyawara kepareng
murakani tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kepareng kla tepangan
rumiyin, nami kula Bp. Sularman minangka pambyawara utawi pranatacara. Dene
urut saking ngriki menika Bp. Suhadi minangka utusan handhodhog kori, lajeng
Bp. Sukarman menika minangkautusan ingkang badhe paring wangsulan pandhodhoging
kori. Kadang kula Bp. Ruwanto menika minangka utusan pihak jaler micara ing
adat lamaran. Salejengipun menika kadang kula Bp. Suwanto utusan pihak estri
ingkang badhe paring wangsulan nampi lamaran. Lajeng kadang kula ingkang menika
naminipun Bp. Sutopo ingkang badhe masrahaken manten kakung.Wonten dene ingkang
menika naminipun Bp. Suroso ingkang badhe wangsulan utawi nampi pasrah manten
kakung. Lajeng menika naminipun Bp. Suharto ingkang badhe atur pambegeharja
wakilipun ingkang kagungan kersa mantu. Dene ingkang pungkasan menika kadang
kula nami Bp. Sutaji ingkang badhe atur wursita wara. Kepareng kula maosaken
rerantamaning tatacara kegiatan gladhen ing kelas dinten menika dinten Rabu suya
kaping 7 Desember warsa 2011.
Tatacara kapisan, inggih menika gladhen atur salebeting
adicara pandhodhoging kori.
Kaping kalih, inggih menika atur wangsulan saking pihak
estri tumrap pangandikan kapisan.
Kaping tiga, inggih menika atur pangandikan pasrah lamaran
saking pihak jaler.
Kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan nampi lamaran
saking pihak estri.
Kaping gangsal, inggih menika atur pangandikan masrahaken
calon panganten kakung.
Kaping nem, inggih menika atur pangandikan nampi alon
penganten kakung saking pihak jaler.
Kaping pitu, inggih menika atur pambegaharja saking wakil
ingkang kagungan kersa.
Lajeng ingkang pungkasan mangke, inggih menika wursita wara
utawi ular-ular.
Makaten menggah rerantamaning tatacara gladhen micara ing
tatacara manten adat jawi. Bapa guru kasuwun pangestunipun mugi-mugi tatacara
gladhen purwa, madya, lan wasana, saged lumampah kanthi rahayu nir ing
sambekala. Nuwun. Wassalamualaikum. Wr. Wb.
2. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging
kori
Sampun dumugi mangsakala wayahing siswa kapisan gladhen
micara ing adicara adat dhodhog kori. Sumangga kadang kula Bp. Suhadi kula
dherekaken nindakaken jejibahan menika. Sumangga !
3. Micara dhodhog kori
Kula nuwun ! Assalamualaikum. Wr. Wb.
Awit keparengipun Gusti ingkang murbeng dumadi kula kinanthi
dening Bapaksaha Ibu Susilo inggih tiyang sepuhipun Mas Susanto dinten menika
saged sowan kanthi slamet wilujeng. Kanthi manah ingkang syukur, keparenga kula
matur ing ngarsanipun Bapak Sunetra sarimbit, sepisan kula sakulawarga
ngaturaken salam rahayu wilujeng mugi katur dhumateng kulawarga
Bapak Sunetra. Ndherek nepangaken kula pun Bp. Suhadi, saking Dhusun Puri,
Kecamatan Pati, Kabupaten Pati. Sanesipun kula, ingkang dherek sowan menika
Bapak saha Ibu Susilo. Inggih menika semah kula.
Dene sedyaning manah ingkang sepisan inggih menika
silaturahmi amemayu kekadangan lan pasedherekan. Kaping kalih mugi mboten damel
rengating penggalihipun Bapak saha Ibu kepaeng nyuwun priksa menapa leres
kagungan putra estri naminipun Susanti. Kaping tiga, Bapak Susilo sekaliyan
kagungan putra jaler naminipun Susanto. Lare menika sampun diwasa kepengin
saged gadhah mitra geganthilaning manah ing gesangipun. Blaka suta kemawon
bilih igkang dipuntuju menika putra estri panjenengan. Jumbuh kaliyan
kawontenan, anak mas Susanto lajeng mothah nggubel dhumateng bapak saha
ibunipun supados nyuwun priksa sekinten nak ajeng Susanti menika sampun menapa
dereng wonten ingkang badhe mengkoni. Menawi sekinten saged, kula ingkang tinanggenah
mnangka talanging atur dinten menika mugi Bapak Sunetra sarimbit kersa paring
wangsulan ing bab pitakenan kala wau. Sawatawis makaten, dene dipunrembag
mirunngan.
Ing wasana cekap hambok bilih wonten kirang leres ing basa
saha sastra, tuwin tumindak ingkang kirang tatakrama kula nyuwun sih samodra
pangaksama. Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum. Wr. Wb.
4. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging
kori saking pihak estri
Makaten pangandikan saking utusan pandhdhog kori.
Salajengipun saking pihak estri badhe paring wangsulan. Ing wekdal kalenggehan
menika atur wangsulan badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sukarman.
Sumangga kula dherekaken.
5. Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwu sewu kula ingkang badhe matur. Karahayon tuwin
kabagaswarasan sinartan penggalih ingkang suka bagya mugi-mugi tansah kajiwa
raga dhumateng panjenengan lan kula ing dinten menika. Mangga ngunjukaken raos
syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya jagad.
Kula nepangaken nami kula pun Bp. Sukarman, dene ingkang
menika Bapak Sunetra saha ibu. Ingkang menika Bapak Anuraga sekaliyan ibu
kaprenah bapa pamanipn gendhuk Susanti. Kula kautus dening Bapak Sunetra
supados dados talanging atur. Kepareng matur sepisan ngaturi panjenengan sedaya
sugeng rawuh, saha sungeng lenggah, ing dalemipun Bapak Sunetra wonten Dhusun
Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking
kulawarga Bapak Susilo sampun kula tampi lan kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapak Susilo sekaliyan lumantar Bapak
Suhadi. Kalawau sampun medhar wosing penggalih sedyaning pisowanan menika. Kila
ing ngriki kautus dening Bapak Sunetra supados matur ngaturi wangsulan dhateng
panndhangon panjenengan.
Ingkang kapisan, mila leres Bapak Sunetra kagungan putra
estri naminipun Susanti, menika putra angka kalih utawi wuragil awit
Bapak Sunetra sekaliyan namung kagungan putra kalih ingkang mbajeng
sampun emah-emah.
Pandangon panenengan ingkang angka kalih nuju dhateng
pepoyaning kautamen,pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar
kasunyatan lan penggalihipun ingkang badhe anglampahi. Kula lan panjenengan
menika nut lakune jaman. Samangke sesambetan lare enem bebten kaliyan kala
rumiyin. Pramila ing wekdal menika, kula ngaturi uninga bilih miturut katrangan
saking gendhuk Susanti ingkang sampun matur dhumateng rama saha ibunipun ilih
piyambakipun sampun gadhah pasangan. Dene pasangan ingkang dipunkajengaken
inggih menika namung setunggal naminipun Susanto saking Dhusun Puri, Pati.
Dados sampun cetha trawaca bilih Bapak Sunetra saha Ibu sarta menika putra
Bapak Susilo sekaliyan. Kanthi mekaten, pandangon panjenengan sanpun kula
wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken dhumateng
panjenengan. Sumangga kula aturi lenggah ingkang sekeca angresepi pasugatan
ingkang sarwa prasaja. Dene menawi wonten tumpangsuhipun atur, ugi patrap
ingkang kirang sae kula saha kulawarga Bapak Sunetra namung nyadhong
lumunturing sih pangapunten. Bapak Sunetra sakulawarga ngaturaken matur nuwun
sanget rawuhipun,mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caket,
saha raket. Amin. Bilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
6. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking
pihak calon penganten kakung.
Para kadang sedaya ing wekdal kalenggahan menika atur
panglamar badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Ruwanto. Sumangga kula
dherekaken.
7. Micara Atur Pasrah Lamaran
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring
ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang welas Asih. Jalaran
ngantos dumugi titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki
tentrem rahayu nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan
agung wonten negari nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra
sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para
pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan kula
kajawi silaturahmi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten Dhusun
Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula sapangombyong menika
ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra jumbuh kaliyan ingkang
putra kakungipun nak mas Susanto tumuju dhateng nakajeng Susanti. Awit golong
gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng
Susanti minangka garwa amangun bale wisma.
Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra
ngaturaken uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan
abon-abon menika reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun
paningset, mugi sageda katampi kanthi suka rena penggalih,kanthi panyuwunan ugi
sageda anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir
ing sambekala. Amiin.
Pungkasaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci
saha titi ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal
pahargyan sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten
ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula sakaluwarga sumadya caos pambiyantu
sasaged-sagedipun.
Ing was an kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula
sapandherek katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih
anggen kula matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan
kirang ing subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi
taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
8. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran
saking pihak calon panganten putri
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur pangandikan nampi lamaran ingkang
badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Suwanto. Sumangga kula dherekaken.
9. Micara Nampi Pasrah Lamaran
Nuwun. Assalamualiakum Wr.Wb.
Sumandhing suka rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci
kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang
dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan
kulawarga ageng brayat Bapak Susilo bsaking Dhusun Puri, Pati. Pramila sumangga
ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.
Kula ingkang tinaggenah minangka traju wacana matur nuwun
atur salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi
salam wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo
sakaluwarga.
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan
saking Bapak Suwanto minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha.
Tiyang sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur
pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun
dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto
sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi
kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah
pahargyan panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami
dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten rubeda
menapa-menapa.
Kaados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun Bapak
Sunetra, ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.
Mangga dipunsakecakaken anggenipun wawan rembag sinambi
angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah
bilih wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing
wasana cekap semanten maturnuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
10. Pranatacara
paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna.
Salajengipun wekdal sakecanipun kangge atur masrahakaken calon panganten
kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sutopo.
Sumangga kula dherekaken.
11. Micara
Masrahaken Panganten Kakung
Nuwun, Kulanuwun.
BAB 2
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Tunggal,
mugi-mugi tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi, raharja,
niskala, satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara
kinen ngayahi jejibahan masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal,
ingkang sampun paring panuntun dhteng kula sapangiring panganten kakung saking
Dhusun Puri, Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng, nir
ing sambekala.
Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para pinisepuh,
sesepuh saha para alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak
Susilo sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi
ngaturaken salam kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas
Susanto saklajengipun kula pasrahaken dhumateng Bapak Sunetra sakaluwarga
lumantar Bapak Harjuna Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula sah
Bapak sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika saged
lumampah kanthi rancag, lancar kali sing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta,
nglenggana, bilih panganten kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan
ing bab ngelmu gesang bebrayan, mila panyuwun kula dhateng Bapak Sunetra
sakulawarga, para pinisepuh, sesepuh ing mriki kersaa suka paring wewarah amrih
gesangipun saged manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten
klenta-klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih
kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
12. Pranatacara
paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur panampi pasrah
calon panganten kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula
Bp.Suroso. Sumangga kula dherekaken.
13. Micara
Nampi Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puji konjuk ing ngarsanipun Allah ingkang Maha
Tunggal, nugraha miwah karahayon mugi-mugi tetepa kaluberaken dhumateng
kulawarganipun, sakabatipun, sarta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene
sasampunipun menika Bapak Sunetra ingkang kinurmatan, Bapak Susilo sakulawarga
sapangiring panganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapak Sunetra sekaliyan, keparenga
matur dhumateng Bapak Sutopo ingkang kalawau sampun kaparingaken dhateng kula
saha panjenengan, satemah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng
nir sambekala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabrayat, dupi
sumerep rawuh panjenengan sapangiring hanganthi panganten kakung.
Menggah salam kawilujengan saking Bapak Susilo lumantar
Bapak Susilo lumantar Bapak Sutopo sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapak
Sunetra ugi ngaturaken salam kawilujenganipun dhateng Bapak Susilo sakulawarga.
Pasrah panganten tumrap panganten kakung sampun kula tampi,
saklajengipun badhe kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan
ingkang sarwa rupak. Ing babagan panggulawenthah putra panganten sekaliyan
sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan suka piwulang amrih saged sae.
Bapak Sunetra sabrayat nyuwun idi pangestu lan ngaturi
panjenengan kersaa lenggah kanthi sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan.
Kula minangka talanging basa, mbok bilih anggen kula matur, saha nampi
karawuhan panjenengan sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun agenging
pangapunten. Cekap semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
14. Pranatacara
paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
Salajengipun wekdal kangge kadang candhakipun ingkang badhe
gladhen micara sacekapipun kangge atur pambegeharja tamu. Adicara menika badhe
katindakaken dening kadang kula Bp. Suharto. Sumangga kula dherekaken.
15. Micara
Panbageharja
Nuwun. Kula nuwun.
B
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha Murbeng
dumadi lan Gusti Ingkang Sarwa Sanggya Bawana. Dhumateng panjenenganipun kawula
nyuwun pitulungan tumrap sadaya prakawis agami saha donya. Dene sasampunipun
menika. Para pinisepuh, sesepuh, para alim, para tamu ingkang minulya.
Kawilujengan, karaharjan, tuwin katentreman mugi tansah kasarira panjenengan
sadaya.
Keparenga kula sumela atur awit mundhi dhawuhipun Bapak
Sunetra sekaliyan, ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan. Namung
saderengipun, sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saengga kula
lan panjenengan sedaya saged pinanggih ing dalemipun Bapak Sunetra saperlu
paring idi pangestu dhateng akdun jaleripun Bapak Susilo ingkang mijil saking
dhusun Tayu mriki. Ijab qobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya nir
sambekala kalawau antawisipun jam 08.00 enjing.
Para tamu ingkang kinurmatan, Bapak Sunetra ngaturaken
pambagya wilujeng rawuhipun, boten kesupen Bapak Sunetra sekaliyan ngaturaken
agungipun panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya pambiyantu
panjenengan saha para kadang sentana lan mitra, tanggi tepalih ingkang awujud
menapa kemawon saengga pawiwahan mantu ing dinten menika lumampah kanthi
rancag, regeng, lan boten wonten rubeda.
Bapak Sunetra sekaliyan boten saged atur keliru sih kadarman
panjenengan kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan
dados amal lan pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih. Amin.
Para tamu kakung saha putri,
Sinaosa anggenipun kagungan kersa manton menika sampun dangu
anggenipun ngrancang sah ngracik, ewa semanten taksih kathah kekiranganipun.
Wiwit ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing
dinten menika ing babagan aruh, suguh, gupuh, lan lungguh menawi wonten kirang
damel rena penggalih Bapak Sunetra sekaliyan nyuwun pangapunten
sakathah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersaa mrayogakaken
anggenipun lenggah ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Kula
pribadi mbokbilih anggen kula matur wonten kirang leres ing reh paramasastra
miwah micara, subasita miwah tatakrama kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Panjenengan kula aturi mrayogekaken anggenipun lenggah
ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
16. Pranatacara
paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
“Makaten gladhen atur pambageharja sampun katindakaken
kanthi tata, titi, tatas, lan titis.
Para kadang siswa ingkang kula tresnani,
“Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur wursitawara.
Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula bapak Sutaji. Sumangga
kula dherekaken.”
17. Micara
Atur Wursitawara
Nuwun,
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Sadaya puji sembah miwah puji kagunganipun
Gusti Allah ingkang nguwaosi arsy ingkang agung. Kanugrahan saha karahayon
mugi-mugi sanityasa kaluberna/kaparingna dhumateng utusanipun ingkang mulya,
inggih menika tetunggul miwah pangayom kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang
sumanak sumandherek tuwin tresna asih, sarta dhumateng kulawarga dalah
sekabat-sekabatipun inggih menika para-para ingkang masrahaken jiwa/nyawa tuwin
kadonyan/brana artanipun namung mligi konjuk Gusti Allah Ingkang Agung.
Para sesepuh, miwah pinisepuh, bapak-bapak
saha ibu-ibu para tamu sadaya ingkang kinurmatan, mligi katur anak kula
penganten sekaliyan ingkang nembe kawisudha minangka calon Bapak, calon Ibu
ingkang kula tresnani. Katur sedherek kula panatacara kula matur nuwun
dipunparingi wekdal kangge mbabar sabda mulya utawi wursitawara, utawi
sabdatama utawi ular-ular. Wursitawara menika kula aturaken dhateng anak kula
penganten sekaliyan kangge sanguning gesang brebayan. Dene penganten kawak
midhangetaken menapa ingkang badhe kula aturaken inggih boten wonten awonipun.
Ananging salugunipun kemawon kula menika dereng mandhita awit ngelmu kula
menika namung sakedhik. Sanajan kados makaten kula tinuding kapiji Bapak Wijaya
saha besan saperlu atur sabdatama.
Anakku penganten sekaliyan sira sakloron
saiki wis mengku balewisma utawa wis omah-omah najan during duwe omah ning
jenenge wis omah-omah kuwi beda karo nalikane sira isih padha ijen-ijen. Suami
kudu bisa angayani, angayomi, lan angayemi garwane. Momot, mengku, lan mimpin,
sarta iklasing ati nampa kabeh kekurangane garwa. Nek luput kudu disepura.
Semono uga istri, kuwi sandhangane kakung. Kepriye eguh pratikele saengga istri
nek ditinggal ing ngomah dhewe ora wedi ya ora medeni lan ora nguwatiri, nek
dijak bareng karo sing kakung ora ngisin-ngisini. Wong omah-omah ngono kudu
tumuju marang wirya, arta, lan winasis sinartan tekun ngibadahe miturut syariat
agamane. Wirya iku tegese kajen alias mempunyai harga diri, kulawargane
dipimpin supaya duwe harga diri ing masyarakat bebrayan agung. Arta tegese wong
omah-omah iku kudu duwe dhuwit sing digoleki kanthi cara nyambut gawe entuk
kanthi halal, saengga barokah. Golek dhuwit aja mlanggar aturane agama lan
nagara, awak ora patiya mujur malah dadi kojur. Winasis iku kepinteran, tansah
ngudi marang ngelmu urip, ngelmu agama lsp. Tekun ngibadahe tansah eling marang
sing gawe urip, nyuwun taufik lan hidayah supaya kulawargane rahayu, raharja,
slamet wilujeng.
Anakku penganten sakloron, omah-omah iku
nek kepenging bisa wareg, waras, wutuh, wasis, widada, lan wibawa mula kowe
sakloron kudu nyukupi pawon, anggon-anggon, turon, enggon utawa gupon lank
ebon. Pawon tegese cukup pangan, cukup tegese sing didhadar ora mesti mewah
nanging ana gisine, anggon-anggon tegese cukup sandhangane klebu car arias lan
nata awak, ora kudu mabyor-mabyor nanging sederhana resik rapi endah lan
menarik. Menarik iki mligi supaya suamine terus tertarik marang istrine sanajan
wis nganti tuwa tetep isih tertarik marang garwane dhewe.
Sabanjure kudu nyukupi turon tegese
kebutuhan biologis terpenuhi. Tujuwane wong omah-omah yaiku duwe turun utawa
kagungan putra supaya mbesuk bisa nerusake asmane wong tuwo.
Enggon utawa gupon tegese kudu nyukupi
papan panggonan utawa omah. Alon-alon kudu dirancang kapan bisa duwe omah
yasane dhewe, sing gawe saka jerih payahe wong loro. Omah ora perlu mewah,
nanging sehat cukup kanggo sakulawarga bisa bungah.
Dene sing pungkasan yaiku kebon, tegese
kudu bermasyarakat. Supaya nyukupi kebon, kowe kudu rukun marang rama-lan ibumu
dhewe, rukun marang maratuwamu, lan rukun marang tangga teparo, sarta rukun
karo kanca.
Wektune dibagi kanggo nyambut gawe, kanggo
silaturahmi/kagiyatan masyarakat, kanggo nyenengake awake, kanggo sinau utawa
golek ngilmu donya akherat, ben otake ora ketul.
Mung samono anggonku paring pituduh marang
sira penganten sakloron. Ana sing mbok anggep apik tindakana nek sing elek aja
mbok nut utawa lalekna.
Para rawuh ingkang minulya, kados naming
samanten babaring wursitawara adedhasar gaduking nalar pangertosan kula. Ambok
bilih wonten klenta-klentunipun atur saha wacana kersa para rawuh sedaya paring
pangapunten. Katur adimas panatacara wekdal saha sasana kula aturaken
wangsul.Bilahi taufik wal hidayah.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
18. Panatacara
mungkasin adicara gladhen
Satuhu edi endah tur aji menapa ingkang
sampun dipunaturaken dening sedherek kula bapak Sutaji. Sedaya mugi saged
kapetik sari-sarining wewarah saengga mahanani tumprap penganten kekalih kangge
gesang ing bebrayan agung. Kanthi pangajab mugi tansah manggih kamulyan
karaharjan, saha kabagyan.
Para kadang ingkang kula tresnani
Dumugi wahyaning mengsakala wus ndungkap
titi purna laksitaning tatacara gladhen ing dinten menika. Wiwit purwa, lajeng
madya dumugi ing wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Sak lajengipun kasuwun para siswa ingkang sampun purna maraga lenggah wangsul
ing palenggahan sakawit. Mangga.
Namung semanten menggah tatacara gladhen
micara ing dinten menika. Kula ingkang nampi jejibahan minangka panatacara
sepisan ngaturaken agengipun matur nuwun, kaping kalih mbok bilih wonten
lepatipunbasa lan sastra, kirang ing subasita miwah tatakrama kula nyadhong
lumunturing samodra pangaksama. Sugeng gladhen ketrampilan sanesipunb mugi
rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum Wr.Wb. Nuwun.
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
1. Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken
putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
2. Rerangkening tatacara adat jawa
saderengipun mantu inggih menika:
a. Lamaran
b. Paningset / lambang kaplika / tukar
cincin
3. Cak-cakaning tatacara wonten ing adat
mantu, inggih menika :
a. Pambyawara Murwakanthi Lampahing
Tatacara
b. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan
pandhodhoging kori
c. Micara dhodhog kori
d. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan
pandhodhoging kori saking pihak estri
e. Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging
Kori
f. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
g. Micara Atur Pasrah Lamaran
h. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran
saking pihak calon panganten putri
i. Micara Nampi Pasrah Lamaran
j. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe
atur masrahaken calon panganten kakung.
k. Micara Masrahaken Panganten Kakung
l. Pranatacara paring wekdal ingkang atur
nampi pasrah saking calon panganten kakung.
m. Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
n. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
o. Micara Panbageharja
p. Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular
utawi wursita wara
q. Micara Atur Wursitawara
r. Panatacara mungkasin adicara gladhen
B. Piweling
Kangge generasi mudha supados saged
mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara
tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para
tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra-putrinipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar